PIWULANG 1 :CERITA LEGENDHA

PIWULANG 1 CRITA LEGENDHA 

A. Pengertian Crita Legendha 
Legendha yaiku crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kedadeyan alam, kayata kedadeyane kutha, tlaga, gunung lsp. Nanging amarga jejere dongeng, mula critane saka ngendi, asal usule kepriye, bener lan orane ora bisa dibuktekake. 

B. Tuladha Crita legendha Asal-Usule Desa Nglimut, 
Kendal Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayoming Gusti, panguripane ora kacingkrangan, cukup lair tumekaning batine. Kahanan kang kaya mangkene mesthi wae dadi kasenengan lan kemeren masyarakat sakiwa tengene. Masyarakat sakiwa tengene pengin pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur mau. 

Desa kang makmur kaya mangkene, akeh wong kang melik kapengin nguwasani. Apa maneh kanggone wong kang sugih/konglomerat, sawise keprungu kabar manawa ana desa kang gemah ripah loh jinawi iki, kepengin nguwasani. Salah sijine dina ana sodagar sugih arep ngrawuhi papan panggonan iki saprelu nguwasani papan panggonan iki. 

Ora mung sodagar sugih nanging uga para brandhal, kecu kepengin nguwasani tlatah iki. Kabeh padha kasengsem papan kang dadi kembanging lambe wong akeh. Kabeh wong padha penasaran marang tlatah iki. Kabeh kepengin weruh lan nguwasani. Sodagar sugih kang kepengin nguwasi tlatah iki bener-bener ngrawuhi tlatah iki lan ngajak karo anak buahe. Niyat jahate ora kaleksanan amarga papan panggonan kasebut sawise dicedhaki, mung awujud papan kang amba kebak suket ora kaya sing dadi kembang lambene wong-wong sakiwa tengene papan iku. Sedagar mau isih durung percaya apa kang dipirsani. 

Sodagar mau utusan marang anah buahe supaya jingglengi papan kang kacrita gemah ripah loh jinawi. Para anak buah sodagar kasebut sawise jingglengi papan kasebut nganti kesel, uga ora mirsani apa-apa, mung mirsani plataran amba kang isine suket lan tanduran semak-semak liyane. Penggalihe sodagar sugih kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mulane sodagar mau duka banget marang anak buahe. 

Ora let suwe sodagar mau kondur didherekake anak buahe. Liya dina ana rombongan brandhal, kecu kang kepengin nguwasani tlatah iki. Kanthi nepsu amarah lan lawamah, para brandhal mau teka ing papan iki. Para brandhal kecu ngamuk-ngamuk amarga papan kang dicritakake dening wong-wong sapinggiring desa kabeh ora ana kasunyatane. Anane mung lemah kosong kang amba kang ora ana apa-apane kajaba mung suket kang akeh. Isih akeh maneh wong-wong sugih lan kang duweni nepsu lawamah padha niti priksa papan panggonan iki. Kabeh ora mirsani apa-apa. Saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah, sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang, mung wujud papan amba kang dituwuhi suket. Wong-wong wektu iku ngarani papan iki diaraninglimut tegesenylamur, ilang. 

Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut kang mapan ing Desa Gonoharja, Kecamatan Limbangan Kabupaten Kendal kang kawentar hawane adhem, seger, lan cocog kanggo panggonan wisata lan dadi arena perkemahan kang nyenengake ati, mligine kanggo para siswa lan nom-noman liyane. Kitha Tegal Tembung Tegal dumados saking tembung“Teteguall”. 

Wondene ingkang maringi nama kasebat pedhagang saking Portugal inggih menika Tome Pires ingkang mengku teges “siti ingkang subur gemah ripah loh jinawi.” Cariyos tlatah Tegal boten saged kalirwakaken kaliyan Ki Gedhe Sedhayu amargi Ki Gedhe ingkang mbabat alas teteguall kasebat.Wondene Ki Gedhe Sedhayu piyambak inggih putranipun Ki Gedhe Tepus Rumput ingkang samangke kasebat Pangeran Onje inggih menika taksih trah Majapahit. Kejawi Ki Gedhe Sedhayu, Ki Gedhe Tepus ugi kagungan putra Pangeran Benawa. 

Ki Sedhayu remen cegah dhahar lawan guling, tegesipun asring siyam.Kejawi ngirangi dhahar ugi ngirangi sare.Ki Sedhayu remen prihatos. Menapa malih rikala wonten ontran-ontrang perangsaudara. Ki Sedhayu sansaya prihatos tuwin nglajengaken anggenipun siyam ngantos gentur utawi bibar. Rikala perang saudara boten bibar-bibar saha dereng tuntas, Ki Sedhayu malah mundur saking atribut kebangsawanan tuwin mbiyantu para manungsa ingkang saben dina gesangipun nelangsa amarga perang saudara kasebat. Sasampunipun uwal saking trah kebangsawanan, Ki Sedhayu pilih ngumbara kangge paring pambiyantu masyarakat miskin/kecingkrangan gesangipun.Anggenipun ngumbara dumugi dhusun ingkang kebak sesuketan, dhusun ingkang gung liwang liwung, wingit.Dhusun kasebat ugi gadhah lepen ingkang bening toyanipun. Lepen kasebat inggih menika lepen Gung amargi celak kaliyan Gunung/redi Agung, satunggaling nama kina celak redi Slamet. 

Masyarakat ing dhusun ngriki saperangan ageng boten ngibadah, boten mangertos ngaji, saha tansah nerak angger-anggering masyarakat, nusa bangsa, saha agami. Meh saben dinten aben sawung utawi adu jago, judi, mabuk, mbegal, lan sanes-sanesipun. 

Pancen boten pedamelan ingkang entheng kanggenipun Ki Gedhe Sedhayu kangge ngewahi adat ingkang sampun lumampah wiwit saking nenek moyang rumiyin. Nanging Sedhayu kagungan kapitadosan, bilih masyarakat wonten tlatah ngriki mesthi saged ewah sauger lon-lonan saha ngenut prinsip ing ngarsa sung tuladha. 

Ki Gedhe tansah paring panutan kanggenipun masyarakat ing tlatah ngriki ingkang cacahipun dereng kathah. Kawitan, masyarakat ing ngriki kaget tuwin boten sarujuk kaliyan ajaran ingkang dipunparingaken dening Ki Gedhe, nanging dangu-dangu kanthi sabar, wusana masyarakat ing ngriki saged nampi malah rumaos remen dhateng Sedhayu.Sedhayu saestu-estu kenging kangge tuladha kanggenipun masyarakat bebrayan ing tlatah ingkang risak menika. Kejawi pinter saha wasis ing babagan agami, Ki Sedhayu ugi wasis babagan olah tetanen. Pramila masyarakat wonten ngriki dipunparingi piwucalan babagan pertanian. 

Kejawi kasil ndandosi masyarakat ingkang sampun risak kasebat, sacelaking papan menika, KiSedhayu ugi mrangguli panggenan ingkang namung dipunpanggeni pinten-pinten santri saha makam/pesareyan ingkang keramat sanget. Papan panggenan santri kala wau inggih ngenes, inggih menika namung manggen ing bale-bale kados gubugan ing sabin. 

Panggenan kasebat saben dintenipun kangge ngaos para santri.Wondene makam/pesareyan kasebat inggih pesareanipun Sunan Panggung utawi Mbah Panggung.Mbah Panggung menika putranipun Sunan Drajat kaliyan Dewi Condrowati.Dhusun menika ngantos samenika kawastanan dhusun Panggung. Perang saudara sampun lerem, Pangeran Benawa dados ratu ing Pajang. Benawa kemutan sedherekipun inggih menika Sedhayuingkang sampun dangu ngumbara ingkang boten cetha papan panggenanipun.Benawa lajeng utusan prajurit kangge madosi Sedhayu. Wusana kasil mrangguli Sedhayu ingkang mapan ing dhusun Teteguall.Ki Sedhayu kasuwun kondur dening Benawa, wosipun badhe kaangkat dados patih.Panyuwunipun Benawa boten kasil, amargi Ki Sedhayu langkung remen gesang kaliyan masyarakat dhusun Teteguall, tinimbang dados patih ing Pajang. Benawa saged nampi niyat sae Ki Sedhayu, pramila Pangeran Benawa lajeng hamisudaSedhayudados demang utawi sesepuh ing dhusun Teteguall. 

Anggenipun hamisuda kala wau kaleres dinten malem Jemuwah Kliwon, 15 Sapar taun 988 hijriyah utawi taun 588 Ehe, inggih rikala 12 April 1540 Masehi. Dinten kasebat ngantos samenika dipundadosaken hari jadi kitha Tegal kanthi Perda No.5 taun 1988 surya 28 Juli 1988. Dumadine Candhi Rara Jonggrang Kacarita, BandungBandhawasa sawise kasil merjaya/mateni Prabu Baka, banjur nguwasani Kraton Prambanan lan madeg dadi ratu ing kono. Bandunggumun banget sawise niti priksa kaanan kraton saisine. Malah nalika mlebu taman keputren Kraton Prambanan, BandungBandhawasa nandhang kasmaran marang Rara Jonggrang, yaiku putrine Prabu Baka sing nembe wae diperjaya Bandung. 

Jumbuh karo unen-unen witing tresna jalaran saka kulina, witing kulina saka netra/mata, Bandungrumangsa kayungyun marang Rara Jonggrang kang kagungan rupa ayu, sulistya ing warna, lan merak ati. Sapa wae pyayi kakung kang nyawang Rara Jonggrang mesthi kapilut, kapincut, lan kasmaran marang Rara Jonggrang. Rasa kasmaran wis ora isa diampet maneh, mula Bandungkagungan niyat nglamar marang Rara Jonggrang. 

Rara Jonggrang ora wani nampik jalaran mesthi dipateni, sanajan sejatine Rara Jonggrang ora seneng marang BandungBandhawasa. Rara Jonggrang menggalih piye carane bisa nampik panglamare Bandhungkanthi alus lan Bandungnora gerah penggalihe. Ora let suwe, Rara Jonggrang nemokake cara kanggo nampik panglamare Bnadhung kanthi cara alus. Rara Jonggrang banjur duwe panyuwunan lan gawe prajanjen karo BandungBandhawasa, supaya digawekake candhi cacah 1000 wektu sewengi. Bandungnyaguhi panyuwune Rara Jonggrang, nanging Rara Jonggrang kagyat lan sedhih amarga bakal kagarwa dening Bandungkang awatak adigang adigung adiguna, yaiku watak kang gumedhe, kumalungkung, seneng merjaya amarga panguwasan, melik drajat pangkat kang dhuwur kanthi cara kang nistha. 

Mula saka kuwi Rara Jonggrang ora tresna babar blas. Apa maneh Rara jonggrang tansah kelingan menawa ingkang rama diperjaya dening Bandhung. Bandhwasa banjur budhal mbangun candhi 1000. Nalika Bandungbudhal, Rara Jonggrang uga mrentahake telik sandi supaya ngetutake lan ngamati sapolah-tingkahe BandungBandhawasa kang sekti mandraguna. Sanajan mangkono, Rara Jonggrang duwe pangira menawa gawe candhi 1000 ing wektu sewengi ora bakal rampung. 

Kanggo ngrampungake gawe candhi kasebut, Bandhawasa ngerikake wadya bala lelembut.Telik sandhi banjur lapuran marang Rara Jonggrang menawa Bandhawasa direwangi lelembut.Rara Jonggrang banjur mrentahake marang kawula Prambanan supaya padha tangi sanajan isih wengi, sarana nutu pari, nuthuki lesungsinambi kothekan. 

Pitik-pitik lan kewan liyane padha digugahi supaya padha kluruk. Keprungu jago kluruk, para lelembut ngira menawa wengine wis entek lan wis esuk, mula banjur padha bali. Anggone gawe candhi cacah 1000 lagi oleh 999, isih kurang sacandhi. Bandungkagyat penggalihe lan ora percaya yen wis padhang, amarga Bandungiku ora gampang dipaeka. 

Tindak tanduke telik sandi didenangi dening Bandhung. Rumangsa dipaeka kaya mangkono, Bandung duka banget lan rumangsa diece. Bandungduka banget knathi kumecap: “Sliramu wis dora karo aku, awakku wis kokpaeka, wis kokece. 

Mula kanggo nggenepi dadi 1000 candhi, awakmu sing dakenggo nggenepi. Awakmu wiwit saiki ingsun sabda dadi reca supaya genep dadi 1000 reca, jumbuh karo panjalukmu. Dene prawawan-prawan ing sakiwa tengene Candhi Prambanan kene daksepatani dadi prawan tuwa, prawan kasep, lan ora payu rabi. 

Rara Jonggrang muwun lan nyuwun pangapura marang Bandungsupaya ora didadekake reca. Nanging Bandhawasa tetep puguh, rumangsa wis kasep lan rumangsa kapusan dening Rara Jonggrang sawadya balane. Sawise sisabda dai reca, Rara Jonggrang kang maune ayu rupane, kelakon dadi reca. 

Nganti saiki crita legendha Candhi Rara Jonggrang isih dipercaya dening masyarakat. Bab bener lan lupute crita iki kasumanggakaken dening para pamaos crita.