MATERI PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KELAS 9 BAB KEDUA

WULANGAN 2 BUDI PEKERTI

SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA

Tujuan Pembelajaran :
1. Mangerteni isine serat wulangreh pupuh Dhandhanggula.
2. Nemtokakake tegese tembung utawa tembung liyane, tembung-tembung ing jero serat wulangreh pupuh Dhandhanggula.


Kompetensi Dasar :
3.2. Menelaah teks serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula.
4.2. Menulis syair tembang macapat Dhandhanggula. 

Indikator Pembelajaran :
3.2.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat.
4..2.2 Mengidentifikasikan dan mendiskusikan ciri -ciri tembang Dhandhanggula.

Serat wulangreh iku tembung asale saka Wulang lan Reh.
Wulang ateges ajaran Utawa pitutur. Reh ateges pranatan, cara, laku utawa tuntunan.
Dadi wulangreh duweni teges ajaran / tuntunan kanggo nggayuh urip supaya selaras / harmoni.

Serat Wulangreh iki dikarang/dianggit dening Sri Susuhunan Pakubuwono IV. Yaiku ratu ing keraton Surakarta Hadiningrat. 
Serat Wulangreh saiki disimpen ing musium RADYA PUSTAKA ing Solo.

Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula iki kedadeyan saka VIII/8 pada/bait. Uga diarani sapupuh.
Pupuh yaiku kumpulaning pada ing tembang Macapat. Kanthi ditandhani angka Romawi.

Tembang Dhandhanggula Duweni watak : kewes, luwes lan resep.
Tembang Dhandhanggula duweni paugeran kayata :
Guru gatra : 10 gatra 
Guru wilangan : 10,10,8,7,9,7,6,812,7 
Guru lagu : i,a,e,u,i,a,u,a,i,a.

Tuladha tembang Dhandhanggula 

I. 
Pamedharing wasisataning ati,
Cumanthaka aniru pujangga,
Dahat mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Tan wruh lamun akeh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Tutur kang katula tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita.

Kegiyatan siswa :
1. Coba golekana tembung-tembung kang angel ing tembang Dhandhanggula  pada ing dhuwur banjur tulisen ing bukumu lan golekana tegese ing kamus basa Jawa !
2. Yen wis ketemu,banjur gancarna/tegesna tembang mau kanthi nggunakake basamu dewe !