SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

 



WULANGAN 2

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

 

KOMPETENSI DASAR :

3.2 Menelaah teks Serat Piwulang Wulangreh pupuh Pangkur

 

INDIKATOR

1. Mencatat  dan mengartikan kata-kata sulit yang ada didalam teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.

2. Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang  isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.

3. Menuliskan  isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.

4. Menulis pokok-pokok isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.

5.Menyampaikan pokok-pokok isi teks dan menanggapi isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.


Cakupan Materi :

Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang lan reh. Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras.

Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Pangkur ing Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Pangkur yaiku bab tata krama, bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng wataking manungsa kana pan ing alam donya iki.

Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa diperang dadi :

Ø  Pamilihing tembung kang digunakake ing Serat Wulangreh

Ø  Mbiji runtuting ukara

Ø  Mbiji nilai ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur

Tuladha tembang pangkur ing Serat Wulangreh (Buku Paket marsudi kaca 21-28)

Pangkur

 

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

 

 

Tegese tembung

Winarna          : wujude

Lelabuhan       : pengabdian

Prayoga           : becike

Kawruhana      : ngertenana

Adat waton     : adat, kebiasaan

Dipunkadulu   ; dingerteni

Miwah             : lan, karo

Den kaesthi     : dieling-eling

Siyang ratri     : awan bengi

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Wewarah/piwulang ing kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni, uga perlu dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

Paugeran tembang Pangkur:

Ø  Saben sapupuh dumadi saka 17 pada

Ø  Saben sapada dumadi saka 7 gatra  (Guru gatra)

Ø  Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

Ø  Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene :

1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik.

2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo tembung sing kulina dianggo  ing bebrayan.

3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari.

4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha

5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan gancaran

 

Ayahan kanggo para siswa :

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Sapa sing ngripta Serat Wulangreh iku?

2.Pupuh Pangkur ing serat Wulangreh ana pirang pada?

3. Isi piwulang apa kang ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur iku?

4.Apa piweling/amanate pupuh Pangkur ing Serat Wulangreh iku?

5. Kepriye paugeran tembang Pangkur iku?