WULANGAN 2 KELAS 8 Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Memahami Teks Piwulang  (Serat Wulangreh Pupuh Gambuh)



Kompetensi Dasar

3.2          Menelaah teks Serat Piwulang Wulangreh  pupuh Gambuh

 

Indikator

3.2.1       Peserta didik dapat mengartikan kata-katayang dianggap sulit yang       terdapat dalam teks piwulang serat Wulangreh Pupuh Gambuh

3.2.2       Peserta didi dapat menjawab pertanyaan tentang isi teks  piwulang         serat Wulangreh  Pupuh Gambuh

3.2.3        Peserta didik dapat  menuliskan pokok-pokok isi teks piwulang  Serat Wulangreh Pupuh Gambuh 

 

Cakupan Materi :

Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang lan reh. Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras.

Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Gambuh ing Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Gambuh yaiku bab larangan marang manungsa aja nganti duweni watak adigang adigung adiguna. Pupuh Gambuh minangka pupuh kang kaping 3.

Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa diperang dadi :

Ø  Pamilihing tembung kang digunakake ing Serat Wulangreh

Ø  Mbiji runtuting ukara

Ø  Mbiji nilai ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Gambuh

 

Tuladha tembang Gambuh ing Serat Wulangreh ( Buku Paket Marsudi Basa kaca 22-29)

Gambuh

Pada 1                                                            

Sekar Gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon







Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Tindak tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya,tindak tanduk kang ora becik kaemot ing Sekar Gambuh iki. Tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendaline bakal ala asile lan ngrugekake manungsa dhewe.

Paugeran tembang Gambuh:

Ø  Saben sapupuh dumadi saka 17 pada

Ø  Saben sapada dumadi saka 5 gatra  (Guru gatra)

Ø  Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8

Ø  Guru lagu : u, u, i, u, o

Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene :

1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik.

2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo tembung sing kulina dianggo  ing bebrayan.

3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari.

4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha

5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan gancaran

Nyritakake tembang Gambuh kanthi lesan.

                Sawise nggancarake tembang Gambuh Serat Wulangreh, Ayo  

                nyritakake isi kanthi lesan, dene siswa liyane aweh tanggapan. Sing kudu digatekake manawa arep crita yaiku:

                a.             Lancar orane anggone crita

                b.             Mentes orane isi andharan

                c.             Runtut orane pangrakite ukara

                d.             Bener orane unggah-ungguhe basa