Mahami Teks Geguritan




WULANGAN V

KEPAHLAWANAN

 

KD. 3.1 Memahami isi teks geguritan

Indikator : 3.1.1 Mendengarkan pembacaan teks geguritan

                3.1.2 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit

 

Cakupan Materi :

Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tartamtu. Bebas cacahe larik ing saben pada, cacahe wanda saben salarik, purwakanthi kang digunakake, maksud panggurit kadhang kala migunakake purwakanthi kadhang ora. Mung wae geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak.

Ciri-ciri geguritan :

1.      Ora kaiket wewaton guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

2.      Luwih nengenake babagan isine kang mentes.

3.      Kanggo nambah kaendahan basa, digunakake purwakanthi sawetara wae.

4.      Isine pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, panemu, lan sapanunggalane.

Unsur Geguritan

a)      unsur fisik

1.  Diksi

yaiku Pilihan Tembung.

Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembung utama ing geguritan. frwIng perangan iki bisa awujud irama lan rima.

2. Citraan

yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.

3. Majas

Wujud ukara kang bisa narik kawigaten.

4. Tipografi

Bentuk Geguritan

b. Unsur Batin Geguritan

1. Tema

yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius) tema kamanungsan,tresna, patriotisme,perjuangan,urip kang gagal,alam,kritik sosial,keadilan,demokrasi,lan tema kekadangan (persahabatan).

 

2. Perasaan/rasa pangrasa

rasa pangrasa kang kepingin diandharake dening pangripta nentokake nolak,nyarujuki,apa nyengkuyung tumrap rasa iku.

 

3. Nada/irama

yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikap pangripta marang marang riptane.

 

4. Amanat / Pitutur.

Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.


Bab - bab kang digatekake nalika arep mangerteni isine geguritan :

1. Olehe maca dibolan-baleni
2. Pamacane urut sapada - sapada
3. Kudu ngati-ati olehe negesi tembung
4.nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben padane
5. Nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtokake gagasan geguritan supaya dadi wutuh.

Kegiyatan kanggo para siswa:

I. Sawise minggu wingi para siswa wis maca tuladha geguritan 'Ki Hajar Dewantara" lan wis goleki tembung kang di anggep anggel ing piwulangan dina iki para siswa  :
Wangsulana pitakon kang ana ing buku paket kaca 82 (poin 1 a-e)
Tulisen wangsulane bae ana ing buku tugas Bhs Jawa.


II.  a. Wacanen geguritan kanthi judhul 'ILAT' !
      b. Temtokna amanat utawa piwulang saka geguritan kasebut !

Digarap ana ing buku tugas Basa Jawa