Materi Kelas 8 BAB LEGENDHA

A. TEGESE LEGENDHA 

Legenda yaiku crita rakyat sing isine dumadine sawijining panggonan. Sarehning papan panggonan sing dicritakake iku ana temenan, mula kadhang kala tuwuh kapercayan kaya-kaya kadadean sing dicritakake mau dumadi temenan. 

Wiwitane legenda iku amung dicritakake kanthi lisan, ora tinulis. Nanging sawise manungsa saya maju ngerti tulis mula legenda ana sing wujude kang tinulis. Ing Jawa Tengah iku meh saben daerah ana crita legenda, tuladhane dumadine Semarang, Salatiga, Gunung Tugel, Jepara lsp. 

B. TITIKAN/CIRI-CIRI LEGENDHA

Anonim tegese ora ana sing ngerti sopo pengarange. - Turun temurun - Disebarake kanthi lisan - Khayal / mitos/ ora nyata - Kalebu teks narasi - Isine babagan asal-usul papan panggonan 

C. UNSUR INTRINSIK LEGENDHA 

Legenda iku kalebu sastra gancaran yaiku karangan sing ora kaiket guru wilangan, guru lagu. 

Sastra gancaran iku dumadi saka perangan sing ndhapuk crita utawa unsur intrinsik. Sing kalebu unsur intrinsik gancaran yaiku : 

a. Paraga

tegese wong kang ana ing crita, dibedakake dadi 3 yaiku : 
  1. Paraga protagonis yaiku paraga sing nduweni ati kang becik. 
  2. Paraga antagonis yaiku paraga sing nduweni sifat kang ala, biasane dadi mungsuhe paraga protagonis 
  3. Paraga tritagonis, yaiku paraga penengah antarane paraga protagonis lan paraga tritagonis 

b. Alur

yaiku urutaning kadadean sing ana ing crita, ana alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Kaperang dadi 3 yaiku : 
  1. Alur maju diwiwiti saka perkenalan, permasalahan, penyelesaian 
  2. Alur mundur diwiwiti saka penyelesaian, permasalahan, perkenalan 
  3. Alur canpur tegese bisa diwiwiti saka ngendi wae, biasane masalah utawa konflik luwih saka 1. 

c. Latar 

1. Latar panggonan yaiku samubarang sing nggambarake papan kadadeane crita. 2. Latar wektu yaiku wektu sing nggambarake kadadean iku dumadi. 
Ana wektu gumathok (jam, dina,sasi) lan ana wektu kang ora gumathok (dhek samana, biyen) 

d. Tema 

yaiku bakune crita utawa bab sing wigati utawa bab sing akeh karembug ing crita digathukake alur sing ana. 

e. Watake paraga 

yaiku sipat-sipat sing diduweni saben paraga ing crita. Ana sing sipate apik ana ugasing nduweni sipat ala. Watak paraga iku mbedakake paraga siji lan sijine. 

f. Sudut pandang 

yaiku carane panulis utawa pangripta nyritakake crita iku. Ing legendha lumrahe ora dingerteni sapa pangriptane(anonim). 
Sudut pandang kaperang dadi 2 yaiku: 
  1. Sudut pandang ing njobo crito (orang ke 3) biasane sing dicritakake wong liya.
  2. Sudut pandang ing njero crita (orang pertama) paraga gunakake tembung aku. 

g. Amanat 

yaiku pesan moral utawa piwulang becik saka crita.