Wulangan 2 Bab Budi Pekerti Mengapresiasi Teks Serat Piwulang (Wulangreh pupuh Pangkur)

WULANGAN 2 KD. 3.2 Mengapresiasi Teks Serat Piwulang (Wulangreh pupuh Pangkur) 
Cakupan Materi : Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang lan reh. 

Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras. 

Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Pangkur ing Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Pangkur yaiku bab tata krama, bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng wataking manungsa kana pan ing alam donya iki. 

Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa diperang dadi : 
  •  Pamilihing tembung kang digunakake ing Serat Wulangreh 
  •  Mbiji runtuting ukara 
  •  Mbiji nilai ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur 

Tuladha tembang pangkur ing Serat Wulangreh (Buku Paket marsudi kaca 21-28) 

Pangkur 
 
Sekar pangkur kang winarna 
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip 
Ala lan becik puniku 
Prayoga kawruhana 
Adat waton puniku dipun kadulu 
Miwah ingkang tata krama 
Den kaesthi siyang ratri 

Tegese tembung 
Winarna : wujude 
Lelabuhan : pengabdian 
Prayoga : becike 
Kawruhana : ngertenana 
Adat waton : adat, kebiasaan 
Dipunkadulu ; dingerteni 
Miwah : lan, karo 
Den kaesthi : dieling-eling 
Siyang ratri : awan bengi 

Terjemahan bebas mawa basa Jawa: Wewarah/piwulang ing kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni, uga perlu dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama. 

Paugeran tembang Pangkur: 
  •  Saben sapupuh dumadi saka 17 pada 
  •  Saben sapada dumadi saka 7 gatra (Guru gatra) 
  •  Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 
  •  Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i 

Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa diowahi dadi basa gancaran. 

Carane nggancarake tembang iku mangkene : 
  1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik. 
  2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo tembung sing kulina dianggo ing bebrayan. 
  3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari. 
  4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha 
  5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan gancaran